https://pawitngafani167.blogspot.com/2023/03/persiapan-soal-osn-osp-dan-osk_16.html

Pentingnya Doa dalam Sholat

Inilah Enyong, Cah Pinggiran Gunung

#Picture: Ahmadun, Siswa Baru MAN 2 Wonosobo 2018


Aku dudu bocah sing wong tuone opo2 nduwe....
Aku dudu bocah sing saben liburan biso dolan neng mall utawa neng pariwisata ngendi2....
Aku mung bocah ndesa sing saben dina nek mangkat sekolah durung mesti entok sangu....Aku mung bocah sekolahan sing saben libur utawa balik kampung, liburane ngrewangi wong tuwo nang ngalas...
Diarani cah isinan yo emang aku isinan, diarani cah grogi mbi gampang kemringet yo emang aku nduweni mala sing gejalane koyo ngono, Diarani cah ra nduwe pasangan yo emang aku durung ngerasa pantes. Kerjo yo durung, Apamaneng nduwe umah dwek.
Aku mung bocah ndeso sing awit rumiyin pinginoe sekolah terus, ra njaluk punopo marang sing aweh urip.
Aku anamung cah sederhana, ra neko2. Seneng mbi bocah yo sing sederhana. Nek agi nduwe duit, pingin sesuatu yo dituku.Nek g ra nduwe yo nganggo sing onone wae. Ket mbien yo koyo ngene nganti tekan siki.
#sinau_seko_muridku

Komentar