https://pawitngafani167.blogspot.com/2023/03/persiapan-soal-osn-osp-dan-osk_16.html

Pentingnya Doa dalam Sholat

NGENDIKA MAS MARANG ADI.E

Dek, sakjane pingin nerusna SMA/MA ra??? Kok amben tak takoni mbingung?? 
Nek pingin sekolah, kudu gelem prihatin. Ra makan nganti balik sekolah ws biasa. Sangu kudu sak-anane nang ngumah. Kudu pinter ngolah duit sangu sekolah ben cukup. Nek ra dinggo yo ojo diboroske, mboan sesok.e pas ra ana sangu. Mung siji pinjaluke wong tuwo. Nek pingin sekolah kudu gelem prihatin.

Pola uripmu mbok dirubah. Sing wes, yo ben wes lewat. Ojo diulangi maneng. Nek nang ngumah mbokyo ojo sering2 nginep nang umah konco. Sering-seringo nang ngumah, ngancani Bapak Simbok. Syukur-syukur waktu ngaso kena nggo sinau. Nek ono wong tuku pulsa ya mbok layani. Ojo amben2 diluru tonggo sing tuku pulsa malah ra ono.
Dek, nek oleh.. Mas-mu ra njaluk neko2. Mung njaluk rubah wae kebiasaanmu. Dadi anak sing manut wong tuo. Ojo nesu-nan lan ojo mlanjaran (menginap di rumah orang). Moga pinjaluke mas dirungokna lan gelem dilakoni. Ingsya Allah apik ngge sampeyan Dek. Tak dongakno mugo dadi anak sing sholeh lan ngabekti mareng wong tuo. Ingsya Allah, uripmu Barokah, ayem, tentrem lan dicukupke rejekine
Dek, sakjane sampeyan asline pinter. Nang SD wae ws pernah peringkat 1. Nang SMP matematikane luwih apik tinimbang mas-masmu pas jaman SMP. Masa depanmu masih panjang, dek.
Dadi iling lagu pitutur jawa:
Tak lelo lelo ledeng,
Cep menengo ojo pijer nangis,
Adik lanang sing bagus rupane, 
Yen Nangis ndak ilang baguse,
Tak gadang biso urip mulyo,
Dadiyo satriyo utomo,
Ngluhurke asmane wong tuwo,
Dadiyo pendekare keluargo.
(Lagu jawa, sedikit editan)

Komentar